Gak Ilok Dolanan NU


Ceritane wong tuo-tuo, NU mbiyen tau dadi Partai Politik mergo politisi NU dikalahi terus nang Partai Masyumi. Padahal asline wong sing milih Masyumi mbiyen iku akeh sing wong NU-ne. Bareng wis dadi partai NU, tibae bener, sing milih NU akeh temenan.

Berubung zaman Soeharto partai-partai didadikno telu: PPP, Golkar, karo PDI, NU melbu nang PPP. Awal-awale NU nang PPP enak-enak ae, wong NU akeh sing dadi anggota DPR. Moro-moro, jarene Soeharto melu-melu ce'e wong NU kalah, yo ce'e gak dadi anggota DPR pisan. Wong NU ribut, anggotae gak oleh milih PPP. Terus NU gak melu dadi bagian teko partai. Khittah NU 1926, NU dadi jam'iyah, ora partai politik. Wong NU milih partai opo ae oleh.

Bareng ono reformasi, sopo ae iso nggawe partai. Termasuk wong-wong NU. Wong NU nggawe partai macem-macem wernane, ono PKB, PKU, PNU, Sunni, pokoe macem-macem, iku durung sing sik melu partai lawas, koyo Golkar, PDI, opo mane PPP.

Masio akeh partai isine wong NU, NU sik tetep gak maleh dadi partai. NU kudu tetep ngurusi umat, ce'e wong NU dadi luwih pinter agomo, budi pekertine tambah apik, lan liyo-liyone. Masio wis ono aturane ngono, akeh pengurus-pengurus NU sik dolanan koyok partai politik. Ketua Umum PBNU nyalon dadi Presiden, Ketua Umum PWNU nyalon dadi Gubernur, Ketua Umum PCNU nyalon dadi Bupati.

Isine NU lak santri kabeh. Santri iku mondok nang Kiai. Lah, sing jenenge Kiai dimelok-melokno kanggo menangno calon presiden, calon gubernur, yo calon bupati. Sebabe opo kok melok-melokno Kiai? Sebab, biasae santri iku nurut karo dawue Kiaine. Nek gak nurut wedi kualat.

Bareng wis mari pemilihan, tibae sing menang dudu pengurus NU. Artine opo? Kiai sing jarene atine bersih, iso nerawang sakdurunge winarah, wis gak kenek dipercoyo. Tapi yo ono sing dadi barang. Masio dadi, durung mesti pemimpin sing pengurus NU iku mau yo iso ngurusi wargane. Wong NU mek dikonkon milih tok, tapi gak patek direken bareng wis dadi. Mergane gak ngerti urusane wong cilik. Sing dipentingno mek konco-koncone, karo kiai sing kiro-kiro akeh rombongane.

Mari ngono, wong-wong kampung, termasuk santri, podo rasan-rasan, Kiai sing ndukung-ndukung calon-calon pemimpin iku oleh duit akeh dipek dewe, gak dibagekno sing milih. Wah, yo tambah rusak kabeh poro Kiai iku. Kiai-kiai iku dianggep gak suci mane. Kiai sing asale terkenal SUFI dadi terkenal SUFU (Suka Fulus).

Nek ngomong mestine, mestine wong sing didadikno pemimpin iku yo wong sing biasa ngurusi warga, embuh iku wong santri, wong abangan, sampek wong sing gak melu pemilihan yo diurusi kabeh, diperhatikno kabeh, gak atik milih-milih sopo sing mbiyen ndukung de'e opo gak. Gak perduli, wong kampung endi, kelompok opo. Sing penting wargane iso gampang golek pangan, iso sekolah lan nyekolahno, sehat kabeh, dalan enak kabeh, tur sing paling penting mane, wargae iso bangga kabeh dadi warga negara atau daerah.

Tapi, lek NU mek digawe dolanan ce'e menang tok, wah, yo gak ilok. NU iku kumpulane poro Kiai, sing atine bersih lan ikhlas ngabdi nang Gusti Allah, dadi khalifah nang ndunyo supoyo negoro iki ketoto sing apik, umate seneng urip (ora ngersulo terus) perkoro kebutuhane ditoto sing apik.

Gak ilok dolanan NU, opo mane poro kiai dadi wis gak dihormati umate perkoro urusan politik. NU dudu partai politik. Ojok atek utak-utik NU, gak ilok, nggarai kualat. Isin karo pendiri NU.

Tidak ada komentar